Observatorium Bosscha

Cithakan:Infobox Observatory

Observatorium Bosscha ya iku panggonan kanggo nerepong lintang tuwa dhéwé ing Indonésia. Observatorium Bosscha (biyèn jenengé Bosscha Sterrenwacht) dibangun déning Nederlandsch-Indische Sterrenkundige Vereeniging (NISV) utawa Perhimpunan Bintang Hindia Walanda. Observatorium Bosscha ana ing Lembang, Jawa Barat, kira-kira 15 km ning pérangan utara Kota Bandung karo koordinat géografis 107° 36' Bujur Timur lan 6° 49' Lintang Selatan. Panggonan iki ana ing dhuwuré lemah kang ambané nganti 6 hektare, lan ana ing 1310 m sakdhuwuré banyu laut utawa ning dhuwur nganti 630 m saka daratan dhuwur Bandung. Kode observatorium Persatuan Astronomi Internasional kanggo observatorium Bosscha ya iku 299. Taun 2004, Observatorium Bosscha dinyatakaké dadi Benda Cagar Budaya deneng Pamaréntah. Amarga iku anané Observatorium Bosscha dirumat deneng UU Nomor 2/1992 babagan Benda Cagar Budaya. Sawisé, taun 2008, Pamaréntah netapaké Observatorium Bosscha dadi salah sijiné Objek Vital nasional kang kudu diamanaké.[1]

  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-08-27. Dibukak ing 2012-11-23.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search